Latest News :

Rek karo Uyah

Posted by



Agi esih seneng munggah gunung Banawasa, enyong ora pernah kelalen ngawa uyah paling sending sekilo, trus senter karo rek jepleke ramane, sebabe keloro barang kuwe berguna banget, nang njero alas Banawasa sing petenge ora eling ngungkuli mati lampu karo gerhana bulan.

Kejaba kuwe hawane nang alas atis banget karo lembab. Di bandingna duit sekarung karo kalung emas sing gedene serantai sepur, uyah berguna banget nggo masak, liane kuwe kena go ngusir res-res apa ngo mbakar trengiling, nggarangan, bangsane kelabang, kalajengking, lintah, karo ula.
Biasane seuwise masang tenda, enyong nyebar uyah nang sekeliling tenda jarak kira-kira 30 – 50 sentimeter, trus gawe laren cilik nang sekeliling tenda men banyu udan ora melbu menjero. Seuwise enyong gawe obong-obongan nggo padang-padang ben ora peteng banget, karo nggo masak mbarang karo men aja atis banget.

Share this Post :

0 comments: